Pages

Ads 468x60px

Selasa, 12 Maret 2013

Contoh Wawancara Bahasa Jawa


KELOMPOK WAWANCARA BHS.JAWA
ANGGOTA
1.    Amalia N Fitriati (01)                                    4.  Ika Budi Utami (21)
2.    Aulia Rahma Puspita (04)                              5.  Rifqi Yunus A.P (34)
3.    Dewi Istiqomah (08)                                      6.  Syakur Adhi T (38)
Kelas : XI.IPA.1

“PENGARUH ERA GLOBAL TUMPRAPE PARA PAMUDA”
Narasumber : Bapak Halim

Pewawancara :“Nuwun sewu pak, kito sowan mriki perlunipun 1. Silaturahmi 2. Pikantok tugas saking sekolah kangge wawancara kalehan Pak Halim ngingingi Bab.Pengaruh Era Global bagi Para Pamudya. Awit saking   menika   kito nyuwun wekdal supados bapak saged paring wawasan dumateng kito. Sak drengipun kito nyuwum pangapunten lan maturnuwun “.
(Pak Halim)       : “ nggih ..sami-sami ”.
Pewawancara :“Pitakon pertama inggih menika. Kados pundih pemangih bapak tumprape Masa Globalisasi iku ? ”.
(Pak Halim)    :“Masa Globalisasi iku jaman sing ingkang mboten saged dipun lewati masyarakat naging kudu dilampahi lan waspada ”.
Pewawancara :“Nah, pripun menurunte bapak caranipun waspadai tumprape jaman Globalisasai menika ? “.
(Pak Halim)      :“Kanggenipun waspada tumprape jaman globalisasi kito kedah nduweni kapinteran ilmu, kapinteran batin, lan kapinteran keagamaan. Yen kito ngadahi sedaya menika (luweh-luweh kanggone bocah remaja) kito saged milah-milah pengaruh  pundi ingkang sae lan pundi ingkang kedahipun adohi “.
Pewawancara :“Saking pengaruh kang sae nopo malih kang biso dipendhet para pamudya pak ? “.
(Pak Halim)      :“Sak suwene kito ngadahi kepinteran menika sedaya. Pengaruh menika saget kito pendhet manfaatipun sedaya. Umpamane saka Internet. Saking Internet kito saged pikantok ilmu pengetahuan kang katah, umpamane liyane niku HP. HP kang digunakake ingkang bener manfaatipun sae inggih menika kangge Komunikasi marang sadulur-sadulur kang tebe “.
Pewawancara :“Nah, sak liyanipun pengaruh ingkang sae wau wonten pengaruh kang elek. Contohipun pengaruh elek bagi para pemudya saka jaman globalisasi niku napa malih pak ? “.
(Pak Halim)     :“Kito mendhet tulagha saking Internet malih nggih. Internet niku wonten pengaruh kang sae lan pengaruh kang elek. Pengaruh elek inggih menika wontenipun video-video porno, kasus-kasus penculikan saka jejaring sosial, boros, klalenn wektu, klalen sinau lan tuladha liya inggih menika Pengaruh budaya asing kang mboten angsal dituri nanging pada ditiru para pamudya saiki antawisipun cara berbusana lan pola urip “.
Pewawancara :“Kados pundih pemanggihipun bapak tumprape pripun kang sae para pamudya menyikapi jaman Globalisasi iki ? “.
(Pak Halim)   :“Para pamudya harusipun saged milah-milah pengaruh kang sae lan mboten sae, pengaruh ingkang sae saged dipendhet nanging pengaruh ingkang mboten sae kang adohi. Para pamudya juga paham marang Globalisasi iku, Paham marang pengaruhe “.
Pewawancara :“Kados pundih pemangih bapak tumprap pripun para sepuh nangani putra/putri sedaya ing jaman Globalisasi iki ? “.
(Pak Halim)      :“Para sepuh haruse ngawasi, ngontrol, lan ndidik putra/putrinipun supaya mboten terjerumus marang pengaruh kang elek. Para sepuh ugi ndidik putra/putrinipun ingkang pengaruh kang seged dipendhet lan di adohi saking ndolanan interenet, nonton tv, lsp “.
Pewawancara  : “ Midangetipun bapak kados pundi caranipun ingkang langkong prayogi kangge njageni supados lare-lare muda mboten kejerumus wonten pengaruh negatif era globalisasi ? “.
(Pak Halim)   : “ Supados lare-lare muda kita mboten kejerumus wonten hal-hal negatif puniki ingkang utami yaiku keimanan saking njero diri anak iku piyambak , kajaba saking niku pengaruh saking tiang sepuh , keluarga, lan rencang-rencang akrab. Bimbingan saking tiang sepuh iku langkong prayogi, tiang sepuh kudu cerdas lan pinter didik lare-larene dewe “.
Pewawancara  : “Bapak salebeting dados tiang sepuh ,kados pundi caranipun bapak nggula wentah supados mboten kejerumus wonten hal-hal negatif ?”.
(Pak Halim)      :“Kula tansah ngajaraken marang lare-lare kula kangge mandiri ing njero arti kula marengaken fasilitas-fasilitas modern kayata: motor,laptop,handphone lan sakpanunggalane, lan uga kabebasan kanggo lare kula berkreatifitas nanging kabeh mau yo ono batese lan tetep ing njero pengawasan kula “.

0 komentar:

Posting Komentar